Monday, January 7, 2008

Jawaku, Jawamu yo Jawane Awake Dhewe

Boso Jowo iku digunakake karo 80 juta wong ning ndonya iki. Dadine ora mung wong jowo ning tlatah Jowo, nanging yo ono Jowo-Sumatra, Jowo Malaysia, Jowo Suriname lan sapunanggalane. Pengangenku iku mbok mumpung ono internet, wong – wong Jowo sing pating tlecek kepisah segara mau iso sesrawungan bareng, nguri – uri budhaya Jowo ingkang luhur iki. Mbok menowo dhialek lan ono ukara sing wis bedo ning mesthi isih iso dingerteni siji marang liyan. Aku yo tau moco tulisane wong suriname ning web radio suriname, isih iso ngerti koq opo maksud-e.
Ning tlatah Jowo wae, Boso Jowone yo macem – macem. Mbiyen, lha yo amarga urip lan gedhe ning Jogja, pas pindhah, nyambut gawe ning Cilegon, Banten.. aku rodo kaget, lha iki boso Jowone koq bedo banget. “Sire arep nengndi, teh”. “Wiii, aje mengkonon gih, lamun kite ore weruh mah.” Mbok menowo amarga campur karo sunda lan badui, tapi benere aku yo ora weruh dhing. Trus, kancaku ning kantor (mbiyen) jebulane Jowone macem – macem. Ono wong Jowo pesisir kulon sing isin bebasan Jowo. Rumangsa basa Jawane ngapak, yen sesrawungan karo bocah Jowo liyane malah trimo nganggo basa Indonesia. Aku isih kelingan yen lagi ngomong basa Indonesia ning logate isih medhog,”Wadhuuuuh, kacoo… gimana ini pak?” Trus ono wong Semarang, yen ngomong Jowo mesthi nganggo ‘mbek’ opo ‘ik’. “Lha aku nembe teko mbek bojoku ik”. Ono meneh wong Suroboyo, wis mesthi nganggo rek-rek an. “ Yok opo to rek”
Sakjane malah endah lho boso Jowo sing akeh wernane iku. Aku yakin ( nanging during dibuktekake sih ) ning Sumatra, Malaysia utowo Suriname kono mesthi yo Jowone bedo. Sing kudu didadekake wigati yo ojo rumongso basane paling alus trus ngenyek utowo ngrendahake boso Jowo liyane. Jelas ora apik!! Kudune malah lenggah bareng lan sami – sami nguri – uri budhoyo Jowo to ya? Lha Jowoku, Jowomu iki yo Jowone awake dhewe kabeh, sing kudu dijaga lan digunakake ben tetep langgeng, lestari saklawase.

Saturday, December 29, 2007

DeJawanisasi (3)

Weruh bulletin konco – konco ning Friendster, aku dadi pengen nggawe kuesioner ah. Pengen ngetes awakku, anggone lali karo kabudhayane dhewe iku wis parah durung ya?

1. Opo boso kromone aku arep lungo ning pasar?
Kulo badhe tindak wonten peken. Bener ora?

2. Sing thung thang thung thing pas acara mantenan iku tembang judhule opo?
Kebogiro, udu?

3. Ngerti slendro pelog ora?
Ora. Ngerti sithik, yen ora kleru koyo kunci minor major ning tembang saiki.
Mbuh dhing.Minor Major wae ora ngerti je. Yen sing menor - menor aku ngerti ;p

4. Tokoh crita pewayanganmu sopo?
Arjuna noo.. wong podho baguse he..he..

5. Paribasan iki opo tegese : Dhemit ora ndulit, setan ora doyan
Diparingi slamet karo Sing Kuwoso, ora ono sing ngganggu.
Biasane wong Saleh, koyo sing nulis iki :p

7. Apal dino wetonmu ora?
Jum’at pahing

8. Urutno sasi karo weton ning penanggalan Jowo
Pon Pahing Wage Kliwon Legi … apal ning ora urut ora opo opo ya?
Sasi : apale yo Suro wong jenenge mbahku Mbah Suro Edi pawiro.


9. Ngerti Geguritan ora?
Mmm… Koyo puisi yen ning boso Indonesia

10. Coba nggawe geguritan dhewe?
Emoh. Ndak dadi Kahlil Gibran-e wong Jowo..he..he ( Halahh..padune ora iso..)
Wis dibiji dhewe lah.. wis parah durung?

Thursday, December 27, 2007

DeJawanisasi (2)

“Lha kulo menika mboten saged boso kromo inggil jee... Pripun nggih anggene mangsuli serat ......”
“Duh, boso kulo pun kewolak walik...”
“boso jawi kulo mboten sae-sae sanget,….”
“mboten maksudipun badhe kasar namung mboten saged saestu punika (see,.. so amburadul rite?)”
” matur tengkyu nggih mas,....”
Kuwi mau petikan saka walesan imel wong-wong Jowo sing takjaluk seseratan nganggò boso Jowo. Ono puluhan maneh sing kiro-kiro pawangsulane podho. Sing gelem diajak ngomong Jowo ono sih ono, nanging yo mung 3 - 4 wong. Sing ngomong Jowo alus, whalah…mung ono siji loro thok!!
Yen dipikir-pikir wagu ora to, iki wong Jowo ning koq podho ora gelem ngomong Jowo? Nek karó wong liyane Jowo utawa wong londo, yo aku mudheng wae.. lha nek podho - podho wong Jowo? Alesane iki sing macem-macem, ono sing wis kagok-lah, ketoke lucu-lah, aneh-lah ( lha sing aneh yo sampeyan niku, wong Jowo koq kroso aneh ngomong Jowo, pripun to?). Mbok menowo yo akeh sing isin lan gengsi, goro – goro ngomong Jowo trus diparapi ndesooo…. Katrookk… ( taksobek-sobek tenan sing marapi!!! )
Sakjane aku prihatin lhó weruh kahanan iki. Rumangsaku soyo suwe tansah soyo sithik wae wong – wong Jowo, utamane wong enom sing gelem nguri – uri kabudhayane dhewe. Lha piye kabudhayan Jowo arep langgeng jal? Mengkó yen ndilalah diaku lan dipatenké negoro liyo, horotoyohh…kapokmu kapan?

Wednesday, December 26, 2007

DeJawanisasi (1)

Kelingan mongso cilik mbiyen, lha yo amarga urip ning ndeso. Péndhak mbéngi yen pas malém prei, bócah – bócah podho métu soko ngómah, dólanan bébaréngan ning lataran. Ibu-ibune podho ngawasi karó ngobrol…. Biasane yo ora adoh – adoh karó nggosip.
Dólanane ora métu ragat lan dilakoni bebaréngan, koyoto
1. Jethungan (ora nganggó ragat ). Bócah sing ‘dadi’ kudu nggoleki kanca-kancane sing ndhélik, sing kétému dikumpulke ning basis-e nganti kabeh sing ndhelik mau kécékél kabeh. Nek pas nggoleki, trus ono sing ‘njethung’ basis-e, yo bocah mau kudu ‘dadi’ méneh. Ning yen biso nému kabeh sing ndhélik, sing kétému pisanan ngganti dheweke ‘dadi’.
2. Ingkling ( ragate mung kreweng ). Nggawe kótak – kótak ning lemah mbéntuk ómah opo palang. Trus saka pinggir, kreweng mau diuncalke ning kotak sing dituju. Sakbanjure, ingkling (lumpat nganggó sikil siji ) miturut kótak – kótak mau. Pas ingkling, kudu apal urutane lan ojo nganti midak garis kótak.
3. Lumpat tali. ( ragat tali gélang karet disambung – sambung kiro-kiro 2 meteran ). Tali iki dicekel wong lóró, trus liyane podho mlumpati.Dhuwure diwiwiti soko pidakan lemah tekan puser, anggone mlumpat ora oleh ngenani tali. Sakbanjure dhodho tekan sakkilan ning ndhuwur sirah. Dadi sing ngliwati tali ndadak nganggo koprol barang. Bocah wadon mbok menowo luwih ngerti dólanan iki. ( Lha aku mbiyen mung pengen wéruh sing lumpatan thok, dudu lumpat tali-ne :p )
4. Gobak Sodhor. Bloko suto wae aku wis lali je dólanan iki. Nek ora kleru, adhang-adhangan dalan, ojo nganti sing diadhang liwat. Sing diadhang yo usaha ben iso liwat, ojo nganti kedemok karó sing ngadhang.
5. Kasti ( modhal bal kasti lan tamplekan kayu ). Mbok menowo koyo bisbol ning londo kono ya?
Isih akeh dólanan liyane sing dilakokke bébaréngan,ngajari awake dhewe gotong royong, tépo sliro, tétulung kancane lan sapanunggalane. Yen ono sing ora melu, rasane rugi ténan, trus ngelongi gayénge aggone dólanan sénajan sing óra melu iku wonge urikan. Awake dhewe dadi apal lhó polah karó kapribadhene konco – konco. Sopo sing gémbeng, sopo sing nakal, sopo sing urikan.Ning malah nggawe paséduluran iku soyo rumakét.
Lha, saiki ndélok wae dolanan bocah bocah jaman iki. Ning njéró kamar, kékancan karó PlayStation, Nintendó, XBOX, Tivi opo komputer. Konco dólane robot kabeh! Wis ragate akeh amarga régane larang, ora tau sésrawungan karó tonggo téparó. Dólanan sing canggih tur larang iku mung ngasah uték thok, tapi óra ngasah ati nurani to? Sing nggégirisi méneh, dólanane koq pénthung-pénthungan, bacok-bacokan, tembak-tembakan, kébut-kébutan lan banting-bantingan. Wah..jan, óra ono sing bener! Mbok menowo bocah saiki luwih akrab karó sing jenenge Lara Croft, Jin Kazama, John Cenna tinimbang bocah sebelah omah.
Aku wédi nek 5-10 taun méneh, roso kamanungsan bocah bocah saiki wis ora ono, diganti roso ‘karobotan,’ wong dolanane karó robot. Roso sing mung ngandelke kapinteran ning ora nduwe perasaan! Ojo - ojo wis cerak kiamat yo :-(

Monday, December 24, 2007

Nglaras

Mbengi iki rasane ati koq kepengen santai. Pokoke OFF ndhisik ora kepengen mikir macem-macem, mikir iki mikir iku ora entek – entek. Mangkane aku banjur ndhekok teh tubruk, metu ning ngarep omah, lungguh karo nyawang langit lan lintange sing pating kemebyar. Soko njero omah, suarane Secret Garden, tembang londo sing ora ono syair-e, nggawe sumiliring ati, nambah kepenak ning roso.
Hahhh.. nembe kroso yen aku pancen butuh wektu selo koyo saiki. Wektu kanggo nyantai, nyegerke pikiran, ngilangi beban ben ora cunthel. Diupamakake wong melek wae ono merem-e, wong nyambut gawe yo nganggo prei dadi nggone nyambut gawe tetep semangat. Koyo montor, yen dinggo terus-terusan mesthi cepet rusak, kudu ono wektu kanggo servis, dirumat, sing owah dibenake, dadine pas dinggo meneh rasane kepenak. Semono ugo pikiran, butuh istirahat, ora mikir utang, gawean lan liyane ben ngadepi dino esuk biso seger lan semangat.
Lha ning, iki nglaras koq mung karo teh tubruk thok. Endi gorengane? Koq mung dikancani wulan lan lintang sing adoooh tenan ning ndhuwur kono? Lha endi kancane? ( Njaluke dikancani sopo to Dul? Widodari to…. Ngimpi kali yee ! )