Monday, January 7, 2008

Jawaku, Jawamu yo Jawane Awake Dhewe

Boso Jowo iku digunakake karo 80 juta wong ning ndonya iki. Dadine ora mung wong jowo ning tlatah Jowo, nanging yo ono Jowo-Sumatra, Jowo Malaysia, Jowo Suriname lan sapunanggalane. Pengangenku iku mbok mumpung ono internet, wong – wong Jowo sing pating tlecek kepisah segara mau iso sesrawungan bareng, nguri – uri budhaya Jowo ingkang luhur iki. Mbok menowo dhialek lan ono ukara sing wis bedo ning mesthi isih iso dingerteni siji marang liyan. Aku yo tau moco tulisane wong suriname ning web radio suriname, isih iso ngerti koq opo maksud-e.
Ning tlatah Jowo wae, Boso Jowone yo macem – macem. Mbiyen, lha yo amarga urip lan gedhe ning Jogja, pas pindhah, nyambut gawe ning Cilegon, Banten.. aku rodo kaget, lha iki boso Jowone koq bedo banget. “Sire arep nengndi, teh”. “Wiii, aje mengkonon gih, lamun kite ore weruh mah.” Mbok menowo amarga campur karo sunda lan badui, tapi benere aku yo ora weruh dhing. Trus, kancaku ning kantor (mbiyen) jebulane Jowone macem – macem. Ono wong Jowo pesisir kulon sing isin bebasan Jowo. Rumangsa basa Jawane ngapak, yen sesrawungan karo bocah Jowo liyane malah trimo nganggo basa Indonesia. Aku isih kelingan yen lagi ngomong basa Indonesia ning logate isih medhog,”Wadhuuuuh, kacoo… gimana ini pak?” Trus ono wong Semarang, yen ngomong Jowo mesthi nganggo ‘mbek’ opo ‘ik’. “Lha aku nembe teko mbek bojoku ik”. Ono meneh wong Suroboyo, wis mesthi nganggo rek-rek an. “ Yok opo to rek”
Sakjane malah endah lho boso Jowo sing akeh wernane iku. Aku yakin ( nanging during dibuktekake sih ) ning Sumatra, Malaysia utowo Suriname kono mesthi yo Jowone bedo. Sing kudu didadekake wigati yo ojo rumongso basane paling alus trus ngenyek utowo ngrendahake boso Jowo liyane. Jelas ora apik!! Kudune malah lenggah bareng lan sami – sami nguri – uri budhoyo Jowo to ya? Lha Jowoku, Jowomu iki yo Jowone awake dhewe kabeh, sing kudu dijaga lan digunakake ben tetep langgeng, lestari saklawase.

No comments: