Thursday, December 27, 2007

DeJawanisasi (2)

“Lha kulo menika mboten saged boso kromo inggil jee... Pripun nggih anggene mangsuli serat ......”
“Duh, boso kulo pun kewolak walik...”
“boso jawi kulo mboten sae-sae sanget,….”
“mboten maksudipun badhe kasar namung mboten saged saestu punika (see,.. so amburadul rite?)”
” matur tengkyu nggih mas,....”
Kuwi mau petikan saka walesan imel wong-wong Jowo sing takjaluk seseratan nganggò boso Jowo. Ono puluhan maneh sing kiro-kiro pawangsulane podho. Sing gelem diajak ngomong Jowo ono sih ono, nanging yo mung 3 - 4 wong. Sing ngomong Jowo alus, whalah…mung ono siji loro thok!!
Yen dipikir-pikir wagu ora to, iki wong Jowo ning koq podho ora gelem ngomong Jowo? Nek karó wong liyane Jowo utawa wong londo, yo aku mudheng wae.. lha nek podho - podho wong Jowo? Alesane iki sing macem-macem, ono sing wis kagok-lah, ketoke lucu-lah, aneh-lah ( lha sing aneh yo sampeyan niku, wong Jowo koq kroso aneh ngomong Jowo, pripun to?). Mbok menowo yo akeh sing isin lan gengsi, goro – goro ngomong Jowo trus diparapi ndesooo…. Katrookk… ( taksobek-sobek tenan sing marapi!!! )
Sakjane aku prihatin lhó weruh kahanan iki. Rumangsaku soyo suwe tansah soyo sithik wae wong – wong Jowo, utamane wong enom sing gelem nguri – uri kabudhayane dhewe. Lha piye kabudhayan Jowo arep langgeng jal? Mengkó yen ndilalah diaku lan dipatenké negoro liyo, horotoyohh…kapokmu kapan?

1 comment:

Anonymous said...

wealah... isik tas ndheleng trus moco kok yo... wis di sindir dhisik. Aku dadi ra penak sangit eh sanget :D. Aku pancen ga iso boso jowo, maklum PEJABAT alias PEranakan JAwa BATak, loh kok malah curhat dadine. Wong jamane sik SD wae aku kursus bahasa daerah lucu yo...!?! neng ngendi2 kuwi biasane kursus kuwi bahasa Inggris lah aku kok yo kursus boso jowo. Wis ngono wae komentarku, suwun.