Wednesday, December 26, 2007

DeJawanisasi (1)

Kelingan mongso cilik mbiyen, lha yo amarga urip ning ndeso. Péndhak mbéngi yen pas malém prei, bócah – bócah podho métu soko ngómah, dólanan bébaréngan ning lataran. Ibu-ibune podho ngawasi karó ngobrol…. Biasane yo ora adoh – adoh karó nggosip.
Dólanane ora métu ragat lan dilakoni bebaréngan, koyoto
1. Jethungan (ora nganggó ragat ). Bócah sing ‘dadi’ kudu nggoleki kanca-kancane sing ndhélik, sing kétému dikumpulke ning basis-e nganti kabeh sing ndhelik mau kécékél kabeh. Nek pas nggoleki, trus ono sing ‘njethung’ basis-e, yo bocah mau kudu ‘dadi’ méneh. Ning yen biso nému kabeh sing ndhélik, sing kétému pisanan ngganti dheweke ‘dadi’.
2. Ingkling ( ragate mung kreweng ). Nggawe kótak – kótak ning lemah mbéntuk ómah opo palang. Trus saka pinggir, kreweng mau diuncalke ning kotak sing dituju. Sakbanjure, ingkling (lumpat nganggó sikil siji ) miturut kótak – kótak mau. Pas ingkling, kudu apal urutane lan ojo nganti midak garis kótak.
3. Lumpat tali. ( ragat tali gélang karet disambung – sambung kiro-kiro 2 meteran ). Tali iki dicekel wong lóró, trus liyane podho mlumpati.Dhuwure diwiwiti soko pidakan lemah tekan puser, anggone mlumpat ora oleh ngenani tali. Sakbanjure dhodho tekan sakkilan ning ndhuwur sirah. Dadi sing ngliwati tali ndadak nganggo koprol barang. Bocah wadon mbok menowo luwih ngerti dólanan iki. ( Lha aku mbiyen mung pengen wéruh sing lumpatan thok, dudu lumpat tali-ne :p )
4. Gobak Sodhor. Bloko suto wae aku wis lali je dólanan iki. Nek ora kleru, adhang-adhangan dalan, ojo nganti sing diadhang liwat. Sing diadhang yo usaha ben iso liwat, ojo nganti kedemok karó sing ngadhang.
5. Kasti ( modhal bal kasti lan tamplekan kayu ). Mbok menowo koyo bisbol ning londo kono ya?
Isih akeh dólanan liyane sing dilakokke bébaréngan,ngajari awake dhewe gotong royong, tépo sliro, tétulung kancane lan sapanunggalane. Yen ono sing ora melu, rasane rugi ténan, trus ngelongi gayénge aggone dólanan sénajan sing óra melu iku wonge urikan. Awake dhewe dadi apal lhó polah karó kapribadhene konco – konco. Sopo sing gémbeng, sopo sing nakal, sopo sing urikan.Ning malah nggawe paséduluran iku soyo rumakét.
Lha, saiki ndélok wae dolanan bocah bocah jaman iki. Ning njéró kamar, kékancan karó PlayStation, Nintendó, XBOX, Tivi opo komputer. Konco dólane robot kabeh! Wis ragate akeh amarga régane larang, ora tau sésrawungan karó tonggo téparó. Dólanan sing canggih tur larang iku mung ngasah uték thok, tapi óra ngasah ati nurani to? Sing nggégirisi méneh, dólanane koq pénthung-pénthungan, bacok-bacokan, tembak-tembakan, kébut-kébutan lan banting-bantingan. Wah..jan, óra ono sing bener! Mbok menowo bocah saiki luwih akrab karó sing jenenge Lara Croft, Jin Kazama, John Cenna tinimbang bocah sebelah omah.
Aku wédi nek 5-10 taun méneh, roso kamanungsan bocah bocah saiki wis ora ono, diganti roso ‘karobotan,’ wong dolanane karó robot. Roso sing mung ngandelke kapinteran ning ora nduwe perasaan! Ojo - ojo wis cerak kiamat yo :-(

1 comment:

Anonymous said...

Aku mulai lair procot ning suroboyo, dolanane yo podo wae. Jumpritan: kudu suit dhisik sing kalah kudu nutup mripate trus sing menang podo ndhelik. Beteng2an; ono rong regu, nek regu sijine ono sing mlayu lah regu sing liyane kudu nguber. Pokoke ki uber2an critane nganti ngos2an. Pokoke isik akeh tenan dolananku karo konco2 cilikku ono Pate lele, Tepak tekong wis akeh tenan. Dolanan jaman biyen ki pancen iso ngakrabke konco ora dadi wong sing independen lan belajar supoyo ga dadi bocah sing egois.